belajar pidato bahasa Jawa secara otodidak,
bisa nggak ya ???

Senin, 14 Februari 2011

Dhuhkita Sabda Kulawarga

Andaikan suatu ketika di antara keluarga atau tetangga kita ada yang meninggal dunia, kemudian diadakan upacara pelepasan jenazah, dan kita ditunjuk untuk ngomong di depan mewakili keluarga yang berduka cita, tetapi tidak sebagai MC, apa yang akan kita katakan? Berikut adalah contoh.

Assalamu'alaikum wr.wb.

Inna lillahi wainna ilaihi roji'uun.

Panjenenganipun para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang dhahat pinundhi. Panjenenganipun para kadang wredha-mudha, saha sanggyaning para asung bela sungkawa bela raos, mungazziyin mungazziyat ingkang mahambeg ing tresna lan asih.

Langkung rumiyin mangga kula panjenengan ngonjukaken puja-puji pudyastuti dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun paring kekiyatan lan kawilujengan sahengga panjenengan sedaya lan kula saged makempal ing menika papan saperlu paring pakurmatan dhumateng panjenenganipun ____(layon)____ ingkang tinimbalan sowan dhumateng pangayunanipun Allah SWT. Saha shalawat lan salam mugi tansah sinanjung ing utusanipun, inggih Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. allahumma amin.

Salajengipun, keparenga kula matur sawetawis, minangkani kulawarga ingkang nembe nandhang dhuhkita, ingkang sepisan, ngaturaken sugeng rawuh saha atur panuwun ingkang tanpa upami, awit panjenengan sedaya sampun kersa nglonggaraken wekdal, saperlu rawuh asung bela sungkawa, sarta paring pakurmatan ingkang pungkasan dhumateng sedanipun _______________.

Kaping kalihipun, ngaturaken panuwun dhumateng sanak sedherek, tangga tepalih sarta kadang sumitra ingkang sampun paring pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon, ingkang sedaya menika sinedya kangge ngenthengaken sedaya panandhangipun kulawarga _________________ ingkang nembe nandhang prihatos. Sedaya kalawau, kulawarga _________________ mboten saged atur piwales menapa-menapa, sagedipun namung nyenyuwun wonten ngarsanipun Allah SWT, mugi sedaya amal kautamen panjenengan sedaya pikantuka leliru sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin.

Sanget ing panyuwunipun brayat agung _________________ ingkang tinilar murud, mugi sanggyaning para asung bela raos, keparenga kanthi suka lilaning penggalih paring donga pamuji , mugi-mugi yitmanipun almarhum/almarhumah _________________ tansah padhang dalane, jembar kubure, lepas parane, ingapunten kalepatanipun dhuk rikala sugengipun, pinaringan papan ingkang sakmesthinipun, jumbuh kalayan darma bektinipun rikala sugeng ing alam sawegung.

Saha mugi sedaya kulawarga ingkang tinilar sageda ikhlas lair batos, pinaringan sabar narimah ing pepesthen, enggal kabirat sedaya raos sungkawanipun, saengga saged enggal wangsul lelumban ing madyaning bebrayan agung netepi darmaning agesang.

Salajengipun, mbokbilih nalika sugengipun, almarhum/almarhumah ______________ nggadhahi kalepatan dhumateng panjenengan sedaya, mugi panjenengan sedaya kersa kanthi tulus ikhlas paring pangapunten dhumateng sedaya kalepatanipun. Ugi mbok bilih almarhum/almarhumah __________________ kagungan tanggelan menapa kemawon ingkang arupi haq Adam dhumateng sinten kemawon saking panjenengan sedaya, kersaa panjenengan sesambetan kaliyan kulawarga ingkang tinilar.

Ing wasana, mbokbilih para asung bela sungkawa lan bela raos mboten wonten pambengan, kasuwun keparenga ndherekaken bidhaling layon ngantos dumugi ing paleremanipun ______________ swargi ingkang pungkasan, nuwun inggih ing Makam ____________. Wondene wonten pakaryan wigati ingkang mboten saged tinilar, kula minangkani kulawarga panandhang dhuhkita, namung saged ngaturaken panuwun lan sugeng kondur.

Kula kinten cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten kalepatan saha kekiranganipun, menapa dene kirang jangkeping trapsila, mugi keparenga panjenengan sedaya hangluberaken sih samodra pangaksami. Akhirul kalam, billahittaufiq walhidayah.

Wassalamua'laikum wr.wb.