belajar pidato bahasa Jawa secara otodidak,
bisa nggak ya ???

Jumat, 29 April 2011

Ngacarani Budhaling Layon

Saat ada orang meninggal dunia di kampung bisa saja terjadi suatu keadaan yang agak sulit, yaitu kekurangan orang yang akan bicara di depan umum saat pemberangkatan jenazah. Untuk solusinya bisa seseorang tampil dengan mendobel beberapa peran, sebagai MC, sebagai wakil keluarga dan sekaligus juga pemberangkat jenazah. Berikut adalah sebuah contoh (lebih pas jika yang melakukannya seorang ustadz, santri, atau modin).
Dhuhkita wara (= pengumuman kematian lewat pengeras suara):
Assalamu'alaikum wr.wb.
Innalillahi wainna ilaihi roji'un x3
Ngaturi priksa dhumateng para warga masyarakat Dhusun ............... samudayanipun, bilih Mbah PaijoDikromo kapundhut wonten ngarsa dalem Allah SWT kalawau, watawis tabuh 2 dalu, wonten ing dalemipun ing ................. Mugi-mugi sedanipun kalebet khusnul khotimah, pikantuk maghfirah saking ngarsa dalem allah SWT saha katampi sedaya amal kesaenanipun. Kula amabali malih, ngaturi priksa dhumateng para warga masyarakat Dhusun ............... samudayanipun, bilih "Mbah PaijoDikromo" kapundhut wonten ngarsa dalem Allah SWT kalawau, watawis tabuh 2 dalu, wonten ing dalemipun ing ................. Mugi-mugi sedanipun kalebet khusnul khotimah, pikantuk maghfirah saking ngarsa dalem allah SWT, saha katampi sedaya amal kesaenanipun. Allahumma amin. Mekaten, wonten kalepatan lan kekirangan nyuwun pangapunten, wassalamu'alaikum wr.wb.

Kemudian saat mau dishalatkan diumumkan kepada hadirin:
Nuwun, para rawuh para takziyah ingkang kinurmatan, keparenga atur uninga bilih shalat jenazah ingkang kaping ......... tumunten badhe ingadanan. Minangka imam badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun ............................. Ingkang menika katur dhumateng para-para ingkang kepareng badhe nyolataken kula sumanggaaken. Nuwun.
======
Agunging panuwun kula aturaken dhumateng para takziyin ingkang sampun kepareng nyolataken jenazahipun almarhum ..............
Salajengipun shalat jenazah ingkang kaping ............ tumunten badhe ingadanan. Minangka imam badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun ................................... Ingkang menika katur dhumateng para-para ingkang kepareng badhe nyolataken kula sumanggaaken. Nuwun.
======
Agunging panuwun kula aturaken dhumateng para takziyin ingkang sampun kepareng nyolataken jenazahipun alamarhum ..............
Salajengipun katur dhumateng para rawuh mungazziyin-mungazziyat kasuwun keparenga makempal wonten latar awit jenazah sampun badhe kaangkataken. Nuwun. Nuwun. Matur nuwun.
*)Bandhosa isi jenazah kawedalaken lan kaselehaken wonten palataran papan upacara saha dipun payungi. Panatacara ngacarani lan mbidhalaken jenazah.

Assalamu'alaikum wr.wb.
Bismillaahirrahmanirrahiim.
(ayat)

Panjenenganipun para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang dhahat pinundhi. Panjenenganipun para kadang wredha-mudha saha sanggyaning para asung bela sungkawa bela raos ingkang mahambeg ing tresna lan asih.
Sugeng rawuh, wilujeng enjing/siang/sonten, lan sugeng pepanggihan.

Langkung rumiyin mangga kula panjenengan sedaya ngluhuraken asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, ngonjukaken raos syukur, karana sih rohmat lan barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, sahengga wonten menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan kawilujengan tuwin karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika sumangga nuwun kula dherekaken sesarengan maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.'
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya, nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Para rawuh, saha sanggyaning para asung bela sungkawa bela raos ingkang mahambeg ing tresna lan asih.
Keparenga kula pun ..................................... cumanthaka ing budi, labet awrat ngemban dhawuh saking panjenenganipun ................................... ingkang ing titi kalenggahan menika katemben nandhang reribet, nuwun inggih tinilar: ing garwa / ingkang putra / tiyang sepuh / kadang sepuh / kadang anem, sumurud ing kasedan jati, tinimbalan sowan dhumateng pangayunaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos.
Inna lillahi wainna ilaihi roji'uun. x3
Sampun murud ing kasedan jati ing dalem yuswa .......... tahun, swargi ..................................... rikala dinten ........................ surya kaping .............................. watawis tabuh ......................... wonten ing ................................. awit saking nandhang raga.

Ingkang menika gandheng pangruktining layon sampun paripurna, pramila badhe dipun wonteni tata upacara sawetawis, nuwun inggih tata upacara badhe bidhaling layon.

Panjenenganipun para asung bela sungkawa ingkang tansah sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri.
Sejatosipun sampun mboten kirang-kirang kulawarga panjenenganipun ............................... anggenipun mbudidaya, anggenipun pados usada murih swargi ................................ saged waluya jati, jati temah waluya, parandene kridhaning ati tan bisa ngungkuli dhumawahing kodrat, sanadyan digedhongana, dikuncenana tumekaning pepesthi mangsa wurunga, awit mujudaken garising Kang Maha Kuwasa.

Para rawuh para takziyyah ingkang kinurmatan. Kula ing ngriki minangkani sesulih saking kulawarga ingkang nembe nandhang dhuhkita, ngaturaken sugeng rawuh saha atur panuwun ingkang tanpa upami, awit panjenengan sedaya sampun kersa nglonggaraken wekdal, saperlu rawuh asung bela sungkawa, sarta paring pakurmatan ingkang pungkasan dhumateng sedanipun ....................................
Ugi mboten kesupen ngaturaken panuwun dhumateng sanak sedherek, tangga tepalih sarta kadang sumitra ingkang sampun paring pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon, ingkang sedaya menika sinedya kangge hangenthengaken sedaya panandhangipun kulawarga ................................. ingkang nembe nandhang prihatos. Sedaya kalawau, kulawarga ............................... mboten saged atur piwales menapa-menapa, sagedipun namung nyenyuwun wonten ngarsanipun Allah SWT, mugi sedaya amal kautamen panjenengan sedaya pikantuka leliru sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin.
Sanget ing panyuwunipun brayat agung ................................ ingkang tinilar murud, mugi sanggyaning para asung bela raos, keparenga kanthi suka lilaning penggalih paring donga pamuji, mugi-mugi yitmanipun almarhum/almarhumah ................................ tansah padhang dalane, jembar kubure, lepas parane, ingapunten kalepatanipun dhuk rikala sugengipun, pinaringan papan ingkang sakmesthinipun, jumbuh kalayan darma bektinipun rikala sugeng ing alam sawegung.
Saha mugi sedaya kulawarga ingkang tinilar sageda ikhlas lair batos, pinaringan sabar narimah ing pepesthen, enggal kabirat sedaya raos sungkawanipun, saengga saged enggal wangsul lelumban ing madyaning bebrayan agung netepi darmaning agesang. Allahumma amin.

Salajengipun, mbokbilih nalika sugengipun, almarhum/almarhumah ............................... nggadhahi kalepatan dhumateng panjenengan sedaya, mugi panjenengan sedaya kersa kanthi tulus ikhlas paring pangapunten dhumateng sedaya kalepatanipun. Ugi mbok bilih almarhum/almarhumah ................................... kagungan tanggelan menapa kemawon ingkang arupi haq Adam dhumateng sinten kemawon saking panjenengan sedaya, kersaa panjenengan sesambetan kaliyan kulawarga ingkang tinilar. Saha minangkani kulawarga, keparenga atur pamriksa dhumateng para rawuh mungazziyin mungazziyat samudayanipun, bilih mangke dalu dumugi malem pitung dintenipun, kados padatan, badhe pun wontenaken tahlilan, dedonga dhedhepe wonten ngarsa dalem Allah SWT, nyuwunaken pamuji dhumateng almarhum/almarhumah. Ingkang menika katur dhumateng para-para ingkang kepareng badhe rawuh ndherek bela raos, kasumanggaaken, wondene wekdalipun nuwun inggih bakda maghrib / bakda isya.

Panjenenganipun para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu pana dhumateng wewadining wedha palupi, menapadene sanggyaning para asung bela sungkawa bela raos ingkang tansah sengsem ing reh kautamen.
Kados ingkang dipun ngendikaaken Kanjeng Nabi Muhammad SAW, bilih kafaa bil mauti wa’iizhaa, cukup mati iku dadi pitutur. Pramila sumangga nuwun, kula dherekaken sesarengan ngalap pitutur saking prastawa menika kanthi midhangetaken taushiyah. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun ................................ keparenga paring taushiyah sawetawis, sumangga nuwun.
==================( taushiyah )===========
Matur nuwun,
Salajengipun sumangga kula panjenengan sedaya ndonga sesarengan, saperlu nyuwunaken pamuji dhumateng ingkang sampun sumurud. Minangka imam kasuwunaken dhumateng panjenenganipun ................................... Sumangga.
==================( donga )=============
Matur nuwun,
Para pambela sungkawa ingkang satuhu pantes sinudarsana, kakung miwah putri, angkating layon tumuli badhe ingadanan, ingkang menika katur panjenenganipun para kadang ingkang kepareng badhe manggul bandhosa keparenga siaga ing gati samapta ing dhiri. Sumangga.
==========(bandhosa dipun panggul)===========
Salajengipun katur para putra wayah menapadene kulawarga ingkang tinilar, menawi badhe netepi adat tlusupan utawi brobosan, kasumanggaaken.
Dhumateng ..................................... kasuwun mratitisaken para putra wayah lan kulawarga anggenipun sami netepi adat tlusupan menika. Sumangga, nuwun.
====(brobosan)========Kridhaning ati tan bisa ngungkuli garising pepesthi, lekasing sedya tama kawula tan bisa ngungkuli kersaning Kang Maha Kuwasa.===============

Para rawuh, mungazziyin-mungazziyat ingkang mahambeg ing tresna lan asih, ing salajengipun, keparenga panjenengan sedaya paring paseksen menggah jenazah menika, Sae napa awon..........!!!!!!!!!!..... Awon napa sae..........!!!!!!!!!!!!!!!!...... awon napa sae...........!!!!!!!!!!!!!!!!!!!......
Matur nuwun. Lampahing tata upacara bidhaling layon sampun paripurna, wondene layon tumuli badhe kapetak lan kasarekaken ing Makam .......................................
Sru ing panyuwunipun kulawarga panandhang dhuhkita, mbokbilih para asung bela sungkawa lan bela raos mboten wonten pambengan, kasuwun keparenga ndherekaken bidhaling layon ngantos dumugi ing paleremanipun ................................... swargi ingkang pungkasan, nuwun inggih ing Makam .......................................
Wondene wonten pakaryan wigati ingkang mboten saged tinilar, kula minangka sesulih saking para kulawarga panandhang dhuhkita, namung saged ngaturaken panuwun lan sugeng kondur.

Dene kula pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging atur, ingkang lajeng trunyak-trunyuk tilar tata-akrami, tilar subasita miwah kithaling basa, sedaya kalawau inggih awit saking kiranging seserepan kula, keparenga sanggya para rawuh ambedhah tambaking samodra pangaksami.
Ing wasana, billahittaufiq walhidayah.
Wassalamua'laikum wr.wb.

Alfatihah --(ingkang manggul bandhosa njangkah setunggal jangkah)
Alfatihah --(ingkang manggul bandhosa njangkah setunggal jangkah)
Alfatihah --(ingkang manggul bandhosa njangkah setunggal jangkah)
bidhal dhateng makam
laailaha illallah, laailaha illallah, laailaha illallah, Muhammadurrasulullah