belajar pidato bahasa Jawa secara otodidak,
bisa nggak ya ???

Rabu, 22 Juni 2011

Ngacarani Walimatul'ursy

Assalamu'alaikum wr.wb.
( ayat )

Dhumateng panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para sesepuh, saha pinisepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, langkung-langkung panjenenganipun Bp _____________ ingkang dhahat pinundhi. Panjenenganipun almukarrom Bp _(penceramah)___, ingkang tansah kaantu-antu barokah, miwah mau'idzah hasanahipun. Panjenenganipun para ngalim, para ngulama, para kyai lan para ustadz, ingkang rinten ndalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi, ingkang tansah kaantu-antu barokah, pendonga, miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja nayakaning negari, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana.
Sumawana sanggyaning para rawuh, para pilenggah, para tamu kakung miwah putri ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan, menapadene para pengombyong temanten saking _______________ ingkang tansah winantu ing bagya mulya. Sugeng rawuh, wilujeng siang/dalu, lan sugeng pepanggihan.

Langkung rumiyin mangga kula panjenengan ngluhuruken asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, ngonjukaken raos syukur, karana sih rohmat miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan, kanthi pinaringan kawilujengan lan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika, sumangga nuwun kula dherekaken sesarengan maos kalimah tahmid, alhamdulillahirobbil'alamin.
Mugi-mugi salwiring gati tansah manggih kawilujengan, rahayu, nirmala, niskala, tebih saking sakathahing reridhu lan panyendhu, kalis ing rubeda.
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya, inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Para rawuh, para pilenggah ingkang dhahat kinurmatan, kakung miwah putri.
Langkung rumiyin kula nyuwun agunging pangaksami, awit sampun kumawantun nggempil kamardhikan panjenengan sawetawis. Sedaya kalawau, inggih awit saking awrat ngemban dhawuh pangandikan panjenenganipun Bp/Ibu __(pemangkugati)__, kajibah ndherekaken lampahing adicara ing wekdal siang/dalu menika, nuwun inggih adicara walimatul'ursy nikahipun mbak ________________ ingkang kaakid-nikahaken kaliyan mas _______________ putra panjenenganipun Bp/Ibu______________ ingkang pidalem ing ______________.

Anamung saderengipun, nglenggana bilih kula namung boboting tiyang jugul ingkang cubluk ambalilu, kothong ing seserepan, miwah asor ing samukawis, pramila kirang jangkeping trapsila, menapa dene cupet, cewet atur kula ing mangke, ingkang mboten saged adamel suka renaning penggalih panjenengan sedaya, keparenga kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Para rawuh, para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, kakung miwah putri. Keparenga langkung rumiyin kula aturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun karakit dening para kadang kulawarga kangge ngrenggani walimatul'ursy ing wekdal siang/dalu menika.

Ingkang sepisan, nuwun inggih pambuka.
Urut angka kalih, nuwun inggih Panggihing putra temanten
Urut kaping 3, Waosan wahyu suci Al Qur'an.
Dene urut kaping 4, inggih menika Atur pambagyaharja.
Salajengipun, srah tinampen putra temanten kakung, dhumawah urut kaping 5 lan 6.
Katerasaken Sumene, ingkang dhumawah urut angka 7.
Urut reroncening adicara ingkang angka 8, inggih menika Mau'idzah Hasanah.
Wondene urut adicara ingkang pungkasan, nuwun inggih Donga Panutup .

Mekaten para rawuh menggah urut reroncening adicara ingkang badhe kaatur. Sanget ing panyuwunipun Bp/ibu ____(pemangkugati)_______ dalah gotrah kulawarga, keparenga panjenengan sedaya paring puja-puji pangastuti dhumateng putra temanten, sinambi lelenggahan ngantos purnaning adicara ing mangke, kanthi mardu mardikaning penggalih.
Wondene minangka tandha purnaning adicara walimatul'ursy menika, menawi mangke putra temanten sampun jumeneng wonten sangajenging tarub, kakanthi tiyang sepuhipun, saperlu jawat asta nguntapaken kondur para tamu.

Dene kula pribadhi tansah nyuwun tambahing pangestu, mugi-mugi anggenipun ndherekaken cak-cakaning adicara menika saged rancag, lancar, mboten manggih alangan setunggal menapa. Allahumma amin.

Ibu-ibu, bapak-bapak, saha sanggyaning para rawuh para lenggah para tamu, ingkang dhahat kinurmatan. Minangka pambukaning adicara, sumangga nuwun kula dherekaken maos ummul kitab sesarengan. Liridho-illahi ta'ala walisyafa'ati rosulillah SAW al faatihah.

===(maos fatihah)===

Matur nuwun, mugi-mugi lantaran waosan kalawau adicara ing wekdal siang/dalu menika saged lancar, rancag, mboten manggih alangan setunggal menapa, wiwit purwa, madya, hengga wusananipun. Allahumma amin.

Salajengipun, tumapak adicara ingkang urut angka 2, nuwun inggih Panggihing Putra Temanten. Ingkang menika, katur panjenenganipun Ibu juru rias, sumangga keparenga mratitisaken panggihing putra penganten menika, lan ugi katur mas juru foto, sumangga kapendhet gambaripun.
====

Para rawuh para pilenggah ingkang dhahat kinurmatan, mangga kula panjenengan kurmat panggihing penganten menika, kanthi jumeneng, sinartan sesarengan maos shalawat.

===(maos shalawat, penganten dipun panggihaken kanthi salaman)===

Sumangga kula dherekaken lenggah malih lan matur nuwun.

Salajengipun ngancik adicara ingkang urut angka 3, nuwun inggih Waosan Wahyu Suci Al Qur'an. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun ingkang sampun piniji, nuwun inggih ____________ wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga nuwun.

===(waosan wahyu suci Al Qur'an)===

Mekaten para rawuh Waosan Wahyu Suci Al Qur'an ingkang sampun kawaos dening panjenenganipun ____________, mugi-mugi saged nambah santosaning iman kula panjenengan sedaya, saha mbarokahi walimatul'ursy ing siang/dalu menika, allahumma amin. Dhumateng panjenenganipun _____________ kula aturaken agunging panuwun.

Adicara salajengipun inggih menika Atur Pambagyaharja saking panjenenganipun ingkang hamengkugati, ingkang badhe kasulih-salirani dening panjenenganipun Bp ____________. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Bp ___________ wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga nuwun.

====(Atur Pambagyaharja)====

Mekaten Atur Pambagyaharja saking panjenenganipun Bp _____________ minangka wakil saking kulawarga Bp/Ibu ____(pemangkugati)_____, dhumateng panjenenganipun kula aturaken agunging panuwun.

Ndungkap adicara salajengipun, inggih menika Srah Tinampen putra temanten kakung. Ingkang menika, katur dhumateng panjenenganipun Bp ________________ minangka duta saraya pasrah, wekdal saha papan kasumanggaaken. Sumangga, nuwun.

====(Pasrah Temanten Kakung)===

Mekaten Atur Pasrah putra temanten kakung ingkang sampun kaaturaken kanthi wijang wijiling pangandikan. Dhumateng panjenenganipun Bp ______________________ kula aturaken agunging panuwun.
Salajengipun Atur Panampi ingkang badhe kasalirani panjenenganipun Bp ______________. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Bp ______________ wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

===(Tampi Temanten)===

Mekaten Atur Panampi ingkang sampun kasalirani panjenenganipun Bp _______________, kanthi cetha wijang wijiling pangandikan. Dhumateng panjenenganipun Bp _______________ kula aturaken agunging panuwun.

Adicara salajengipun inggih menika sumene sawetawis. Ingkang menika katur dhumateng para kadang anem, wekdal kula sumanggaaken. Saha, katur dhumateng panjenenganipun Ibu juru rias, menawi badhe anjengkaraken putra temanten saking sasana dhampar rinengga tumuju panti busana, kasumanggaaken. Sumangga, nuwun.

=====(dhaharan kaladosaken)===

Mangga keparenga angrahabi pasugatan sepala ingkang sampun kaladosaken menika, kanthi mardu mardikaning penggalih. Ingkang dereng pikantuk, keparenga nyebar godhong kawis, sabar sawetawis, sinambi midhangetaken irama panglipur ingkang kaaturaken dening kadang panata pitaswara. Sumangga, nuwun.

=====(sumene)======
===================
===(penganten kalenggahaken malih ing sasana dhampar rinengga dening juru rias)===

Nyuwun pangapunten wekdal sumene kula punggel semanten, mboten ateges angirangi kamardhikan panjenengan sedaya ananging kangge nglajengaken adicara ingkang salajengipun.

Ndungkap adicara salajengipun inggih menika Mau'idzah-Hasanah minangka sanguning putra temanten anggenipun badhe ambyur lelumban ing madyaning bebrayan agung, lan ing mangke katerasaken Donga Panutup. Mau'idzah Hasanah saha imam Donga samangke badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bp___________ saking ____________.

Ananging sakderengipun wekdal kula aturaken dhumateng panjenenganipun, keparenga kula atur pamriksa, bilih tandha purnaning adicara menika, menawi mangke putra temanten sampun jumeneng wonten sangajenging tarub, kakanthi tiyang sepuhipun, saperlu jawat asta nguntapaken kondur para tamu, pramila saking menika, kasuwun panjenengan sedaya, mangke, saksampunipun Donga paripurna, ampun kesesa kondur sakderengipun jawat asta kaliyan putra temanten lan tiyang sepuhipun, kangge tandha bilih kula panjenengan menika paring pendonga tuwin pangestu. Mekaten, lan sakderengipun kula aturaken agunging panuwun.

Salajengipun, wangsul dhumateng kula ingkang tinanggenah ndherekaken lampahing adicara ing wekdal menika, mbok bilih wonten kekirangan, kalepatan, saha keladukipun, saking arah menapa kemawon, ingkang adamel kirang renaning penggalih panjenengan sedaya, kula tansah mawantu-wantu nyuwun agunging samodra pangaksami.

Ing wasana, billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.
========
Dhumateng panjenenganipun Bp______________, wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

===(Mau'idzah Hasanah + Donga Panutup)===

KETERANGAN
Walimatul'ursy itu sama saja dengan Pahargyan Temanten atau pesta pernikahan, bedanya adalah walimatul'ursy itu biasa dipakai oleh masyarakat yang kental budaya santrinya. Biasanya tidak ada gendhing. Acara Panggih Temanten di situ yang biasa saya lihat adalah :
  1. Cara pertama, kedua pengantin dibawa masuk ke tempat pelaminan secara bersamaan tetapi dari arah yang berbeda (setelah dipersilahkan oleh panatacara), sampai di depan pelaminan keduanya bersalaman, lalu didudukkan di kursi pelaminan.
  2. Cara kedua, acara dimulai dengan pengantin putri didudukkan dulu di pelaminan (tanpa kata-kata dan tanpa iringan musik apapun), kemudian panatacara tampil membuka acara, kemudian dilanjutkan Panggih, pengantin pria dibawa ke pelaminan, disambut pengantin putri dengan bersalaman lalu didudukkan, atau bisa pula pengantin putri turun dulu dari panggung tempat pelaminan lalu melakukan upacara panggih secara adat Jawa.
Iringan panggih di sini biasanya berupa irama bacaan shalawat bersama-sama, kadang ada pula yang pakai musik rebana secara live (bukan rekaman). Baca shalawatnya tak perlu lama-lama, jika panggihnya berdurasi pendek, yaitu hanya bersalaman lalu duduk maka shalawatnya hingga penganten duduk, tetapi jika durasi panggihnya lama maka shalawatnya sekedarnya saja, yaitu asal sudah mengiringi saat-saat bersalaman.
Kadang ada pula setelah pengantin bersalaman itu juga dilakukan upacara adat Jawa yang sepenuhnya tergantung sang juru rias (lain dengan yang tertulis di buku-buku). Dalam peristiwa ini biasanya suasananya sudah diam (tak ada iringan shalawat), tetapi jika ada group rebana biasanya terus diiringi dengan musik rebana tersebut hingga selesai.
Pada saat mau istirahat (sumene) biasanya pengantin dibawa masuk ke panti busana untuk didandani lagi, tetapi dalam hal ini juga tidak ada kirab. Karena itu panatacara juga hanya diam tak ada njantur. Jika ada group rebana saat pengantin keluar masuk itu juga diiringi musik rebana.
Dalam praktek, antara juru rias yang satu dengan yang lainnya bisa BERBEDA cara upacara panggih temantennya. Jika panatacara terlanjur hafal dengan njantur menurut pakem seorang juru rias saja, boleh jadi bisa suatu ketika terjadi error saat berpartner dengan juru rias yang lain. Karena itu cara Ngacarani Walimatul'ursy ini bisa menjadi solusi, artinya, secara default (menurut saya), ngacarani pahargyan temanten itu seperti ini, daripada acara pernikahan jadi error karena kurang kompaknya panatacara dengan juru rias, ya kalau saya mending pakai cara yang ini, cara yang lebih banyak diam untuk mempersilakan sang juru rias.