belajar pidato bahasa Jawa secara otodidak,
bisa nggak ya ???

Senin, 03 September 2012

Pasrah Tampi Nyantrik

Salah satu prosesi pernikahan adat Jawa adalah Nyantrik atau disebut juga Puruhita. Pada malem midodareni calon pengantin pria datang ke rumah calon mempelai putri untuk nyantrik (menjadi cantrik atau nyantri) kepada calon mertuanya. Kedatangannya dikawal oleh beberapa orang yang salah satunya bertugas untuk menyampaikan pasrah dan nantinya di terima dengan penerimaan (tampi) oleh keluarga calon mempelai putri. Bagaimana kalau kebetulan kita diserahi tugas untuk melaksanakan pasrah atau tampi tersebut? Berikut ini sekedar contoh.

PASRAH CALON TEMANTEN KAKUNG ING MALEM MIDODARENI

Assalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun, para pinisepuh, para sesepuh, dalasan sagung para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, langkung-langkung brayat agung panjenenganipun ..........(pemangkugati/ortu CPi)..... ingkang dipun sulih sarirani dening panjenenganipun .......(juru bicara pemangkugati)..... Katentreman lan karaharjan awit saking rahmating Gusti mugi tansah lumintu ing panjenengan lan kula, waradin sagung kulawarga.
Kula pun ........................, ingkang sinaraya dening panjenenganipun  .......(ortu CPa)....... sarimbit, keparengna matur:

Sepisan, salam taklim lan takzhim saking panjenenganipun .......(ortu CPa).... mugi katur dhumateng panjenenganipun .......(pemangkugati/ortu CPi)...... saha ibu. Kula ikroraken kanthi atur 'assalamu'alaikum wr.wb.'

Kaping kalihipun, anut rerantaman ingkang sampun sarembag dhuk rikala kepengker, sumedya amangun bebesanan, nuwun inggih angémah-émahaken anak kula jaler ingkang nami ......(CPa)...... kaliyan ingkang putra putri anak ayu ........(CPi)......., pramila ing titi kalenggahan menika kula anggandhèk putra calon temanten jaler saperlu badhe puruhita ing ngarsanipun Bapak saha Ibu ........(pemangkugati/ortu CPi)....... sakulawarga.

Dene kaping tiganipun, ............(ortu CPa)....... sekaliyan mawantu-wantu nyuwun agunging pangapunten awit dereng saged sowan, lan ing mangke bilih sampun dumugi titiwanci ingkang gumathok tumuli ugi badhe enggal sumusul sowan.

Mekaten menggah atur kula, dene kula sagotrah ingkang minangka dhuta, mbokbilih wonten sisip sembiring atur, patrap ingkang murang tata, keparenga diagung pangaksaminipun.
Wassalamu'alaikum wr.wb. Nuwun.

TAMPI CALON TEMANTEN KAKUNG ING MALEM MIDODARENI

Assalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun, panjenenganipun para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu pantes kinurmatan, mirungganipun panjenenganipun .......(asma ingkang pidato pasrah)..... ingkang minangka sulih wicara panjenenganipun ........(ortu CPa)....... Sih rahmat tentrem rahayu mugi tansah cumondhok jiwangga panjenengan lan kula, waradin sagung dumadi.

Kula pun ....................., ingkang tinuding sulih sarira lan wicara panjenenganipun ..........(ortu CPi)........ sarimbit, keparenga matur dhumateng panjenenganipun .........(ortu CPa)......... lumantar panjenengan.

Menggah paringipun salam taklim lan takzhim saking panjenenganipun ........(ortu CPa)....... sampun katampi kanthi asta kalih, lan sak kondur panjenengan ing mangke, mugi keparenga kaaturaken salam taklim lan takzhim ugi dhumateng panjenenganipun ........(ortu CPa)..... sekaliyan garwa, kula ikroraken kanthi atur 'alaika wa'alaikum salam wr.wb.

Dene ing dalu menika panjengan kesdu hanganthi ingkang putra calon temanten kakung nuwun inggih anakmas ..........(CPa)........ ingkang sumedya dhaup kaliyan anak kula pun .........(CPi)........, pramila andadosaken suka gumbiraning manah, puji syukur alhamdulillah, lan daya-daya badhe kula puruhita ing ngarsanipun .........(ortu CPi)........ sakulawarga. Dene panjenengan sapendherek, sumangga nuwun kula dherekaken lelenggahan sesarengan suka parisuka.

Salajengipun, minangka puputing atur, .......(ortu CPi)....... gotrah kulawarga ngrumaosi jejering titah sawantah ingkang mboten saged éndha saking lepat lan kirang, punapa pambagya ing sarawuh panjenengan, tumanggaping para among tamu, lan langkung-langkung atur panampi kula ingkang tebih saking sastra, tilar ing subasita, pramila mugi keparenga hangluberaken agunging pangaksama.
Ing wasana, wassalamu'alaikum wr.wb. Nuwun, nuwun, matur nuwun.