belajar pidato bahasa Jawa secara otodidak,
bisa nggak ya ???

Senin, 07 Februari 2011

Ngacarani Pengajian

Assalamu'alaikum wr.wb.
( ayat )
Wonten ngarsanipun para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang kinabekten, langkung-langkung panjenenganipun almukarrom Bp _____________ saking _______________ lan almukarrom Bp ______________________ saking _____________________ingkang tansah kaantu-antu barokah, miwah mau'idzah hasanahipun.
Panjenenganipun para ngalim, para ngulama, para kyai lan para ustadz, ingkang rinten ndalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi, ingkang tansah kaantu-antu barokah pendonga, miwah pitutur luhuripun.
Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja nayakaning negari, nuwun inggih Bpk Lurah dalah para perangkat Desa, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana.
Panjenenganipun para rawuh para pilenggah kakung sumawana putri, hadlirin hadlirat majlis taklim ingkang tansah winantu ing suka rahayu lan dhahat kinurmatan.
Sugeng rawuh, wilujeng siang, lan sugeng pepanggihan.

Langkung rumiyin mangga kula panjenengan ngluhuruken asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, nenggih Allah SWT, saha ngonjukaken raos syukur karana sih rohmat miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten menika wekdal panjenengan sedaya lan kula, saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan kawilujengan lan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika sumangga nuwun kula dherekaken sesarengan maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Mugi-mugi salwiring gati tansah manggih kawilujengan, rahayu, nirmala, niskala, tebih saking sakathahing reridhu lan panyendhu, kalis ing rubeda.
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Para rawuh, para pilenggah majlis taklim ingkang tuhu kinurmatan, kakung miwah putri.
Langkung rumiyin kula nyuwun pangapunten awit lajeng kumawantun nggempil kamardhikan panjenengan sawetawis. Sedaya kalawau inggih awit saking awrat ngemban dhawuh para kadang panitia pengaosan, kajibah ndherekaken lampahing adicara ing wekdal siang menika, nuwun inggih adicara Pengaosan Pengetan Wiyosan Dalem Nabi Agung Muhammad SAW, utawi Mauludan, Dhusun ___________ ing tahun 14___ Hijriyah menika.

Anamung saderengipun, nglenggana bilih kula namung boboting tiyang jugul ingkang cubluk ambalilu, kothong ing seserepan, miwah asor ing samukawis, pramila kirang jangkeping trapsila, menapa dene cupet, cewet atur kula ing mangke, ingkang mboten saged adamel suka renaning penggalih panjenengan sedaya, keparenga kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Para rawuh, para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, kakung miwah putri. Keparenga langkung rumiyin kula aturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun karakit dening para kadang panitia kangge ngrenggani pengaosan mauludan ing wekdal siang menika.
  • Ingkang sepisan nuwun inggih pambuka.
  • Urut angka kalih nuwun inggih Waosan wahyu suci Al Qur'an katerasaken waosan shalawat.
  • Urut kaping tiga inggih menika waosan kalimah toyyibah utawi tahlil.
  • Salajengipun tanggap wacana utawi sambutan minangka urut angka 4. Sambutan ingkang sepisan saking panitia penyelenggara, dene sambutan ingkang angka kalih nuwun inggih sambutan saking Bapak Kepala Desa.
  • Urut reroncening adicara ingkang angka 5, inggih menika Pengaosan agami kanthi Mau'idzah Hasanah. Mau'idzah Hasanah ingkang angka setunggal badhe pun suwunaken dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp ________________________ saking ________________, dene ingkang angka kalih badhe pun suwunaken dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp _____________________ saking ______________________.
  • Wondene urut adicara ingkang pungkasan nuwun inggih Donga Panutup.
Mekaten para rawuh menggah urut reroncening adicara ingkang badhe kaatur. Sanget ing panyuwunipun para kadang panitia penyelenggara, keparenga panjenengan sedaya hanjenengi (mensukseskan) adicara pengaosan menika ngantos purnaning adicara ing mangke, sinambi lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih.
Dene kula pribadhi tansah nyuwun tambahing pangestu, mugi-mugi anggenipun ndherekaken lampahing adicara pengaosan menika saged rancag, lancar, mboten manggih alangan setunggal menapa. Allahumma amin.
Bapak-bapak, ibu-ibu saha sanggyaning para rawuh para lenggah ingkang kinurmatan, minangka pambukaning adicara pengaosan, sumangga nuwun kula dherekaken maos ummul kitab sesarengan. Liridho-illahi ta'ala walisyafa'ati rosulillah sollallohu 'alaihi wasallam al faatihah.
===(maos fatihah)===
Matur nuwun, mugi-mugi lantaran waosan kalawau adicara pengaosan ing wekdal siang menika saged lancar, rancag, mboten manggih alangan setunggal menapa. Allahumma amin.
Salajengipun sumangga kula dherekaken ngancik adicara ingkang urut angka 2, nuwun inggih Waosan Wahyu Suci Al Qur'an katerasaken Waosan Shalawat. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun ingkang sampun piniji, nuwun inggih _____________________ wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga nuwun.

===(waosan wahyu suci Al Qur'an + shalawat)===

Mekaten para rawuh menggah Waosan Wahyu Suci Al Qur'an lan waosan shalawat ingkang sampun kawaos dening panjenenganipun ___________________, mugi-mugi saged nambah santosaning iman kula panjenengan sedaya, saha nambah raos mahabbah kula panjenengan sami dhumateng Junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah, allahumma amin. Dhumateng panjenenganipun _________________ kula aturaken agunging panuwun.
Ndungkap adicara salajengipun inggih menika, Waosan Kalimah Toyyibah utawi Tahlil. Minangka imam badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun _____________________. Dhumateng panjenenganipun _______________ wekdal saha papan kasumanggaaken. Sumangga, nuwun.

===(Tahlil)===

Mekaten waosan kalimah toyyibah utawi tahlil ingkang sampun kawaos sesarengan, mugi-mugi para arwah ingkang kasebat kalawau pikantuka maghfirah saking ngarsa dalem Allah SWT saha katampi sedaya amal kesaenanipun, allahumma amin. Dhumateng panjenenganipun __________________ kula aturaken agunging panuwun.
Adicara salajengipun inggih menika Tanggap Wacana (sambutan-sambutan). Tanggap wacana ingkang urut sepisan inggih menika saking Panitia penyelenggara pengaosan. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Bp ________________ minangka wakil panitia penyelenggara, wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga nuwun.

=========(Sambutan Panitia Penyelenggara)========

Mekaten Tanggap Wacana saking panjenenganipun Bp ____________________ minangka wakil saking panitia penyelenggara, dhumateng panjenenganipun kula aturaken agunging panuwun.
Ndungkap adicara salajengipun inggih menika Tanggap Wacana saking panjenenganipun Bpk Kepala Desa. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Bp ________________ wekdal saha papan kasumanggaaken. Sumangga, nuwun.

====(Sambutan KaDes)===

Mekaten Tanggap Wacana saking panjenenganipun Bp Kepala Desa, mugi-mugi dados manfangat ingkang nyumrambah dhumateng kula panjenengan sedaya. Dhumateng panjenenganipun Bp Kepala Desa kula aturaken agunging panuwun.
Adicara salajengipun inggih menika sumene sawetawis. Ingkang menika katur dhumateng para kadang panitia wekdal kula sumanggaaken. Nuwun.

=====(sumene)===

Nyuwun pangapunten wekdal sumene kula punggel semanten kangge nglajengaken adicara ingkang salajengipun.
Ndungkap adicara salajengipun inggih menika Mau'idzah-Hasanah minangka inti pengaosan ing dinten menika. Mau'idzah Hasanah ingkang angka setunggal badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp_____________________ saking _____________________. Dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp_____________________ wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

==========(Mau'idzah Hasanah I)=========

Para rawuh para lenggah, ingkang dipun mulyaaken Allah, mekaten wau mau'idzah-hasanah ingkang sampun kawedharaken panjenenganipun almukarrom Bp ____________________. Mugi-mugi saged dados sangu kula panjenengan sedaya anggenipun netepi darmaning agesang anggayuh ridhanipun Allah SWT, allahumma amin. Dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp ________________________ kula aturaken agunging panuwun.
Adicara salajengipun inggih menika Mau'idzah Hasanah ingkang angka kalih, ingkang badhe pun suwunaken dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp _____________________ saking _________________________. Katur dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp ________________________ wekdal saha papan kula sumanggaaken, sumangga, nuwun.

==========(Mau'idzah Hasanah II)=========

Para rawuh para lenggah, ingkang dipun mulyaaken Allah, mekaten wau mau'idzah-hasanah ingkang sampun kawedharaken panjenenganipun almukarrom Bp ____________________. Mugi-mugi saged dados sangu kula panjenengan sedaya anggenipun netepi darmaning agesang anggayuh ridhanipun Allah SWT, allahumma amin. Dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp ________________________ kula aturaken agunging panuwun.
Adicara salajengipun inggih menika Donga Panutup. Minangka imam donga badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun almukarrom Bp _____________.
Ananging sakderengipun wekdal kula aturaken dhumateng panjenenganipun,
keparenga kula ngaturaken pengumuman,
  • ingkang angka setunggal, ngaturi priksa bilih infaq panjenengan sedaya makempal Rp _________________ , mugi-mugi saget dados manfangat ingkang sakkathah-kathahipun, allahumma amin.
  • Ingkang angka kalih …..................................
Salajengipun, wangsul dhumateng kula sakadang ingkang tinanggenah ndherekaken lampahing adicara ing wekdal menika, nuwun inggih :
  • Kula minangka Pembage wekdal
  • dalah para kadang panitia penyelengara pengaosan
  • saha minangkani para warga  _____(ingkang kenggenan)_______,
mbok bilih wonten kekirangan, kalepatan saha keladukipun saking arah menapa kemawon ingkang adamel kirang renaning penggalih panjenengan sedaya, kula sakadang nyuwun agunging samodra pangaksami.
Mboten kesupen, saparipurnaning Donga ing mangke kula aturaken “matur nuwun, lan ndherekaken Sugeng Kondur, mugi tansah manggih wilujeng dumugi ing dalem.”
Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.
====
Katur panjenenganipun almukarrom Bp ___________________ kula sumanggaaken. Nuwun.
=====(Donga panutup)=====