belajar pidato bahasa Jawa secara otodidak,
bisa nggak ya ???

Senin, 27 Desember 2010

Upacara PANGGIH

Para rawuh para pilenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Putra temanten kakung sampun samapta wonten papan upacara, pramila sumangga nuwun kula dherekaken ngancik tumapaking prastawa gati, temanten kekalih badhe kawiwaha dhaup kanthi satataning adat Jawi, nuwun inggih upacara Panggih kalajengaken upacara adat Krobongan lan Sungkeman. Ingkang menika kula suwun para rawuh para pilenggah keparenga paring berkah pangestu kanthi jumeneng sadanguning Upacara Panggih menika.
Katur dhumateng panjenenganipun Ibu Juru Sumbaga dalasan para-para ingkang kajibah hanawung kridha ing upacara menika kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

==(gendhing Kodhok Ngorek PLAY lajeng njantur/nyandra)==

Wus dumugi wahyaning mangsakala sri penganten netepi upacara dhaup kanthi Adat Widhi Widana Panggih.
Adat tegesipun tatacara, Widhi Widana tegesipun peparing linangkung saking Gusti Ingkang Maha Kuwasa.
Dene Panggih werdinipun Pangudi Gambuhing Penggalih.
Sri temanten badhe sarwi ambalang/(liron-lung-tinampen*) gantal, gantal putri winastanan Gondhang Kasih, dene gantal kakung winastanan Gondhang Tutur.
Gantal dumadi saking suruh utawi sedhah ingkang lininting tinangsulan lawe wenang.
== (penganten sarwi ambalang/liron gantal)==
Suruh, sumurupa nganti weruh. Suruh, yen dinulu seje lumah lawan kurebe nanging yen ginigit padha rasane, yen sinawang siji kakung siji putri nanging ing batos wus padha sedyane.
Lininting tegesipun nggumolongaken tekad gesang bebrayan, dene tinangsulan lawe wenang tegesipun kaiket ing prasedya luhur.
==(wiji dadi)==
Temanten kakung mecah hantiga, punika pratandha bilih piyambakipun sampun samekta samapta yen ta badhe ngayani, ngayemi lan ngayomi garwanipun.
==(wijik suku)==
Temanten putri hamijiki ampeyanipun temanten kakung, punika minangka pralampita bilih piyambakipun sampun samekta samapta badhe bektos dhateng kakungipun.
Kambang-kambang kumambanging Sekar Triwarna hanenggih mawar, melathi, miwah kanthil, punika minangka pitutur dhateng temanten kekalih, bilih kalamun wasis mawar tembung manis lumantar kedaling lathi, bakal dadya karyatama ingkang anggung kumanthil-kanthil.
==(lantingan)==
Lantingan, penganten putri kajumenengaken jajar ingkang kakung, punika minangka pralambang wontenipun kesetaraan gender, priyantun kakung lan putri punika sejajar ing bebrayanipun.
==(singeb sindur)==
Penganten kekalih siningeban sindur dening ingkang ibu, sindur tegesipun toya kanugrahan, kanthi dhaup penganten kekalih saged kasingeban ing toya kanugrahan nikmating raos ingkang jagad tanpa timbang, ingkang namung wonten ing akrami.
Selendhang sindur linambaraken dening ingkang ibu, tegesipun temanten kekalih mangun bebrayan kanthi linambaran weninging penggalih manebing kalbu, dene ingkang rama minangka cucuking lampah, punika tegesipun supados putra temanten kekalih tansaha tinuntun ing reh kautaman, lan ingkang ibu hangempit saking wingking, punika ateges tiyang sepuh tansah paring jurung pangestu tutwuri handayani.
==(temanten mlebet sasana rinengga)==
Paripurna gatining kang titi laksana panggih. Temanten wus manjing sasana rinengga kanthi lulus raharja saking sakathahing rubeda. Sumangga para rawuh para pilenggah kula dherekaken lenggah malih lan matur nuwun.

==(upacara Krobongan)==
Sanggya adilenggah ingkang minulya, punika lah ingkang winastan Timbangan, temanten kekalih kapangku ing jengku, ingkang ibu matur, “awrat pundi Pak ?” Ingkang rama mangsuli “ah, padha wae” , punika minangka pepenget dhateng tiyang sepuh supados mboten mbedak-mbedakaken antawisipun putra lan mantu, sedaya sampun karengkuh putra piyambak.
==(tanceban)==
Tanceban, punika winastan ugi Tandur utawi Wisudan, saking Calon Temanten winisuda dados Temanten.
==(kacar-kucur)==
Kacar-kucur, punika minangka gegambaran bilih ingkang kakung anggadhahi kuwajiban: masrahaken asil guna kaya utawi nafkahipun dhumateng ingkang garwa, lan ingkang garwa kedah saged nyekapaken ing reh sedaya kabetahaning bale wisma, tuwin adamel renaning tiyang sepuhipun.
==(dulangan)==
Dulangan, punika mujudaken setunggaling kekudangan supados temanten kakung putri tetepa setunggal raos ing lair lan batos, jumbuh ing reh sedaya gegayuhanipun.
==(ngunjuk tirta wening)==
Ngunjuk Tirta Wening, punika mujudaken setunggaling kekudangan supados temanten kekalih enggala pinaringan momongan, lan dadosa pepenget menawi ing pasrawungan tansaha kanthi manah ingkang wening tumuju ing kautaman.
==(gendhing STOP)==
Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu dhahat sinuba sagunging pakurmatan, kanthi berkah jurung pendonga pangestu panjenengan temanten kekalih sampun purna netepi upacara Panggih lan Krobongan kanthi wilujeng kalis ing sambekala, ingkang menika dhumateng panjenengan kaaturaken agunging panuwun.
Salajengipun sumangga kula dherekaken ngancik adicara ingkang salajengipun inggih punika SUNGKEMAN

========(gendhing Ketawang Rujit PLAY lajeng njantur)
Ing mangke risang penganten sarimbit, dupi uninga para pepundhen catur cacahipun, gya jengkar saking palenggahan, daya-daya hangaturaken sungkem mring rama ibu, kairing puja-puji rahayu.
===(penganten sungkem)==
Risang penganten jengkar saking palenggahan, tumuli anjengku tumungkul amarikelu yayah konjem ing pratiwi. Tangkeping asta sumembah ing jengku rama-ibu, sinartan eninging cipta rumasuk telenging kalbu, nyuwun pangestu cumadhong rumentahing sih pudyastuti.
Penganten enget bilih ingkang rama punika kang wus sembada ngukir jiwa raga miwah dadya lantaraning tumuwuh. Enget bilih ingkang ibu wus kawawa dadya lantaraning yogabrata salebeting sangang wulan sedasa ari. Enget yen wus digegadhang kanthi kebak ing raos asih, bisaa mikul dhuwur mendhem jero asmaning asepuh.

Sanadyan lir sinendhal mayang panggalihipun rama-ibu dupi hanampi sungkemipun ingkang putra, jroning galih tansah mawantu-wantu paringipun puji pendonga, mugi risang penganten sarimbit tansah panggih cepaka mulya sawakul-wakul gedhene. Liripun sageda lestari pinesthining jodho, atut runtut bagya mulya, cinaket ing nugraha, tebih ing gora godha lan rencana, tansah sembada kang sinedya, tansah linuberan sihing Kang Maha Kuwasa.
===(gendhing STOP)==

Para rawuh para pilenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Awit saking berkah pangestu panjenengan sedaya, upacara adat widhi widana Panggih, Krobongan lan Sungkeman sampun paripurna. Ingkang menika ateges upacara pawiwahan sampun purna, ingkang suwaunipun taksih winastan Putra Calon Temanten menggah satataning adat, sakmenika sampun sampurna dados Putra Temanten, dhumateng panjenengan sedaya kaaturaken agunging panuwun.