belajar pidato bahasa Jawa secara otodidak,
bisa nggak ya ???

Selasa, 28 Desember 2010

ATUR PAMBUKA PURWANING PAHARGYAN

Assalamu'alaikum wr. wb.

(ayat)

Sih rahmat tentrem rahayu nugrahaning Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, tansah tumedhak waradin sagung dumadi, kajiwa lan kasarira ing panjenengan sedaya lan kula, katitik ing titi kalenggahan menika panjenengan lan kula sampun kakeparengaken kempal manunggal ing menika papan, kanthi pinaringan karaharjan lan gumelaring bagas kuwarasan. Ingkang awit saking menika, sumangga nuwun kula dherekaken ngluhuraken asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ngonjukaken raos syukur dhumateng sahandhap pepadaning Gusti Kang Akarya Jagat, Allah SWT, kanthi sesarengan kula lan panjenengan ikroraken maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin'. Mugi-mugi salwiring gati tansah manggih kawilujengan, rahayu nirmala, niskala, uwal saking sakathahing reridhu lan panyendhu, kalis ing rubeda. Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan ummat sejagat, nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW, lumeber ing kulawarga, saha sanggya para sahabatipun. Allahumma amin.

Panjenenganipun ingkang tuhu kinabekten, para sesepuh saha pinisepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun ........................ ingkang dhahat pinundhi, panjenenganipun para 'alim para 'ulama, para kyai lan para ustadz ingkang mboten saged kula sebat setunggal-setunggalipun, ingkang tansah kaantu-antu berkah pangestu, pendonga miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pangayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana. Sumawana sanggyaning para rawuh kakung saha putri, ingkang tuhu pantes hanampi sagunging pakurmatan, para sanak kadang wredha-mudha lan tumaruna ingkang mahambeg ing tresna lan asih, menapa dene para pengombyong temanten saking _____________ ingkang tansah winantu ing bagya mulya.
Sugeng rawuh, wilujeng siang/dalu, lan sugeng pepanggihan.

Langkung rumiyin kula nyuwun agunging pangaksami, awit sampun kumawani nyahak wewenanging kamardhikan panjenengan sedaya ingkang nembe eca wawan sabda. Nuwun inggih awit saking awrat ngemban dhawuh pangandikan saking panjenenganipun Bp/Ibu ___________________ ingkang hamengku gati, kajibah ndherekaken lampahing adicara ing titi kalenggahan menika, nuwun inggih adicara pahargyan dhedhaupanipun Anak Ajeng ______________________ kaliyan Sang Abagus______________ putra panjenenganipun Bp/Ibu ______________ ingkang pidalem ing _____________________.

Anamung sakderengipun, nglenggana bilih kula namung boboting tiyang jugul ingkang cubluk ambalilu, kothong ing seserepan, miwah asor ing samukawis, pramila kirang jangkeping trapsila, menapa dene cupet cewet atur kula ing mangke, ingkang mboten saged adamel suka renaning penggalih panjenengan sedaya, keparenga kula nyuwun agunging sih samodra pangaksami.

Sanggya adilenggah, para rawuh ingkang sinuba sagunging pakurmatan, keparenga atur uninga bilih prastawa gati akad nikahing putra temanten, alhamdulillah sampun kaleksanan dhuk kalawau enjing, nuwun inggih dinten ________________ watawis tabuh ________ wekdal Nuswantara Imbang Pracima, nyarengi surya kaping ____________________ mapan wonten ing _______________ kanthi sineksenan dening para kadang kulawarga minggahipun para sesepuh lan pinisepuh kanthi manggih wilujeng, kalis ing sambekala.

Wondene menggah rantamaning adicara ingkang sampun rinacik, rinumpat, lan rinumpaka dening para kadang kulawangsa kangge hangrenggani pahargyan samangke, nuwun inggih kadi ingkang badhe katur mekaten:
  • Titilaksana ingkang sepisan, tinarbuka kanthi pambuka
  • Urut angka 2, nuwun inggih Upacara Panggih ingkang katerasaken upacara adat.
  • minangka urut angka 3, nenggih Waosan Wahyu Suci Al Qur'an
  • Atur Pambagyaharja, minangka urut angka 4
  • Srah Tinampen putra temanten kakung, dhumawah urut angka 5 lan 6.
  • Salajengipun Kirab lan Sumene minangka urut angka 7
  • Dene urut angka 8, nuwun inggih SabdaTama utawi Mau'idzah Hasanah
  • Lan urut ingkang pungkasan inggih menika Donga lan panutup

Wondene adicara ingkang badhe kawengku ing salebeting Upacara Panggih inggih menika:
  • Urut ingkang sepisan, sowanipun risang putra calon temanten putri kalenggahaken ing sasana rinengga.
  • Kalajengaken praptanipun putra calon temanten kakung minangka urut angka 2.
  • Dene urut angka 3 nuwun inggih Upacara Panggih ingkang katerasaken upacara adat.

Mekaten para rawuh menggah urut reroncening adicara ingkang badhe kaatur, lan sru panyuwunipun Bp/Ibu ____________________ sagung kulawarga, mugi panjenengan sedaya keparenga paring puja-puji pangastuti tumrap sri temanten, sinambi lelenggahan ngantos purnaning adicara ing mangke, kanthi mardu mardhikaning penggalih.

Wondene minangka tandha purnaning adicara pahargyan prasaja menika, nuwun inggih menawi mangke putra temanten sarimbit sampun kabedhol saking palenggahanipun ing sasana rinengga, lajeng kakanthi tiyang sepuhipun jumeneng wonten sangajenging tarub (>>wiwaraning pahargyan) saperlu jawat asta nguntapaken kondur para tamu.

Dene kula pribadhi tansah nyuwun tambahing pangestu, mugi-mugi anggenipun ndherekaken cak-cakaning adicara menika saged lancar, rancag tanpa manggih alangan setunggal menapa. Allahumma amin.

Para rawuh para pilenggah ingkang tansah winantu ing suka rahayu, kakung miwah putri. Minangka pambukaning adicara sumangga nuwun kula dherekaken maos Ummul Kitab sesarengan.
Liridho-illahi ta'ala wa lisyafa'ati rosulillah shollallohu 'alaihi wasallam, al faatihah.

===(maos fatihah)===

Matur nuwun. Mugi-mugi lantaran waosan kalawau adicara ing siang/dalu menika saged rancag, lancar, mboten manggih alangan setunggal menapa, wiwit purwa, madya, hengga wusananipun. Allahumma amin.

Atur Panatacara Nglenggahaken Penganten Putri

Para rawuh para lenggah ingkang tansah winantu ing suka rahayu kakung sumawana putri, salajengipun nuwun inggih risang putra temanten putri badhe sowan mangarak ngarsa panjenengan sedaya kalenggahaken ing sasana rinengga. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Ibu Juru Sumbaga nuwun inggih Ibu ______________ keparenga mratitisaken putra temanten putri. Para rawuh para pilenggah ingkang pantes sinudarsana, praptanipun putra temanten putri samangke badhe kabiwardha ungeling Ketawang Sekarteja. Sumangga, nuwun.

===( gendhing Ketawang Sekarteja PLAY, lajeng njantur/nyandra )

Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar Ketawang Sekarteja, ana ganda arum mangambar katiyubing samirana manda. Sang mantyasaning pawiwahan ingkang sampun purna hangadi busana hamulas wadana – kawistara mijil saking tepas wangi - kinanthi sang Juru Sumbaga ingkang pinaragan Ibu ___________ ( lan Ibu ___________ ) manjing madyaning sasana pawiwahan.
Sinten ta sambating wewangi sang anyar katon, hanenggih punika ingkang sesilih kusumaning ayu Rara ____________ putri atmajanipun Bp/Ibu ____________ .
Lumaksana lengkeh - lengkeh hamucang kanginan, pindha singa lupa, pangudasmaraning driya ingkang dereng kawijiling lesan hangrantu praptaning mudha taruna minangka gegantilaning nala.
Hangagem busana ingkang sarwa retna, katon pating galebyar pating pancurat lamun kasaru sunaring bagaskara/pandam, katingal hangrenggani sasana adi pan yayah kartika hasilih prenah.
Hangagem puspita rinonce, sinampiraken wonten ing pamidhangan kanan, lamun katiyubing samirana manda kongaaaas gandane hangebegi wisma pawiwahan, endah edining busana hamimbuhi gandhes luwes solah bawane, lamunta cinandra ical sipating janma sawantah pan yayah widadari tumurun.
Kuwung-kuwung hangenguwung hangawengi, hambabar teja mandamaya. Tan kuciwa memanise - sedheng dedeg piadege, sembada genging salira - sesolahe milangoni - lelewane anuju prana, dhasar karengga ing busana edi, kathik sinumbaga dening asta trampil Juru Paes kang wus kulina - hanenggih Ibu ___________. Kalamun cinandra bebasan, turah warna kurang candra, kurang ukara.
Karengga endahing sasana adi saya katingal sulistya ing warni warnaning putra temanten putri ,
Pramila tumuli kanthi trampil kadang juru tedhak sungging hanenggih Mas ......................... saking ....................... Foto Studio hamendhet gambaripun kinarya pepenget ing salami-lami.
Risang penganten kalenggahaken wonten ing sasana rinengga hangrantu laksitaning adicara ingkang sampun tinamtu.
===(gendhing STOP)

Atur Panatacara ing Praptanipun Temanten Kakung

Sagung para rawuh, para adi lenggah ingkang tuhu kinurmatan. Putra temanten putri sampun lenggah anggana raras wonten sasana rinengga.
Pramila saking menika, sumangga adicara kalajengaken adicara ingkang salajengipun, nuwun inggih Praptanipun Putra Temanten Kakung. Ingkang menika katur panjenenganipun para-para ingkang kajibah hangayap hangombyong Putra Temanten Kakung kula sumanggaaken. Sumangga, Nuwun.

===( Gendhing Lancaran Kebo Giro PLAY, lajeng njantur/nyandra )
Binarung swaraning gangsa ingkang hangrangin hambabar ladrang wilujeng *), kawistingal jengkaring putra temanten kakung saking wisma palereman. Ing pangajab mugi tansah manggih kawilujengan kalis ing sakara-kara, kalis ing sambekala.
Sinten ta sambating wewangi sang narpati ing dinten punika?
Wenang den ucapna hanenggih Mas Bagus ...................... putra panjenenganipun .......................... saking ..........................
Kawistingal gumebyar busanane, hangagem busana ingkang tinaretes benang sotya, kasorot sunaring bagaskara/pandam pating calorot pating pancurat pan yayah asilih prenahing kartika.
Lumaksana lengkeeeh - lengkeh pindha singa lupa, riak hanggajah ngoling, sapecak mangu satindak kendel semu hangungun hanguningani endah edining swasana ingkang hangrenggani tawinging wiwara.
Wus handungkap unggyan ingkang tinuju gya kendel tindakira wonten sangajenging papan upacara, keparenging sedya hangrantu laksitaning adicara salajengipun.
===(gendhing STOP)

*)Lancaran Kebo Giro

Senin, 27 Desember 2010

Upacara PANGGIH

Para rawuh para pilenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Putra temanten kakung sampun samapta wonten papan upacara, pramila sumangga nuwun kula dherekaken ngancik tumapaking prastawa gati, temanten kekalih badhe kawiwaha dhaup kanthi satataning adat Jawi, nuwun inggih upacara Panggih kalajengaken upacara adat Krobongan lan Sungkeman. Ingkang menika kula suwun para rawuh para pilenggah keparenga paring berkah pangestu kanthi jumeneng sadanguning Upacara Panggih menika.
Katur dhumateng panjenenganipun Ibu Juru Sumbaga dalasan para-para ingkang kajibah hanawung kridha ing upacara menika kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

==(gendhing Kodhok Ngorek PLAY lajeng njantur/nyandra)==

Wus dumugi wahyaning mangsakala sri penganten netepi upacara dhaup kanthi Adat Widhi Widana Panggih.
Adat tegesipun tatacara, Widhi Widana tegesipun peparing linangkung saking Gusti Ingkang Maha Kuwasa.
Dene Panggih werdinipun Pangudi Gambuhing Penggalih.
Sri temanten badhe sarwi ambalang/(liron-lung-tinampen*) gantal, gantal putri winastanan Gondhang Kasih, dene gantal kakung winastanan Gondhang Tutur.
Gantal dumadi saking suruh utawi sedhah ingkang lininting tinangsulan lawe wenang.
== (penganten sarwi ambalang/liron gantal)==
Suruh, sumurupa nganti weruh. Suruh, yen dinulu seje lumah lawan kurebe nanging yen ginigit padha rasane, yen sinawang siji kakung siji putri nanging ing batos wus padha sedyane.
Lininting tegesipun nggumolongaken tekad gesang bebrayan, dene tinangsulan lawe wenang tegesipun kaiket ing prasedya luhur.
==(wiji dadi)==
Temanten kakung mecah hantiga, punika pratandha bilih piyambakipun sampun samekta samapta yen ta badhe ngayani, ngayemi lan ngayomi garwanipun.
==(wijik suku)==
Temanten putri hamijiki ampeyanipun temanten kakung, punika minangka pralampita bilih piyambakipun sampun samekta samapta badhe bektos dhateng kakungipun.
Kambang-kambang kumambanging Sekar Triwarna hanenggih mawar, melathi, miwah kanthil, punika minangka pitutur dhateng temanten kekalih, bilih kalamun wasis mawar tembung manis lumantar kedaling lathi, bakal dadya karyatama ingkang anggung kumanthil-kanthil.
==(lantingan)==
Lantingan, penganten putri kajumenengaken jajar ingkang kakung, punika minangka pralambang wontenipun kesetaraan gender, priyantun kakung lan putri punika sejajar ing bebrayanipun.
==(singeb sindur)==
Penganten kekalih siningeban sindur dening ingkang ibu, sindur tegesipun toya kanugrahan, kanthi dhaup penganten kekalih saged kasingeban ing toya kanugrahan nikmating raos ingkang jagad tanpa timbang, ingkang namung wonten ing akrami.
Selendhang sindur linambaraken dening ingkang ibu, tegesipun temanten kekalih mangun bebrayan kanthi linambaran weninging penggalih manebing kalbu, dene ingkang rama minangka cucuking lampah, punika tegesipun supados putra temanten kekalih tansaha tinuntun ing reh kautaman, lan ingkang ibu hangempit saking wingking, punika ateges tiyang sepuh tansah paring jurung pangestu tutwuri handayani.
==(temanten mlebet sasana rinengga)==
Paripurna gatining kang titi laksana panggih. Temanten wus manjing sasana rinengga kanthi lulus raharja saking sakathahing rubeda. Sumangga para rawuh para pilenggah kula dherekaken lenggah malih lan matur nuwun.

==(upacara Krobongan)==
Sanggya adilenggah ingkang minulya, punika lah ingkang winastan Timbangan, temanten kekalih kapangku ing jengku, ingkang ibu matur, “awrat pundi Pak ?” Ingkang rama mangsuli “ah, padha wae” , punika minangka pepenget dhateng tiyang sepuh supados mboten mbedak-mbedakaken antawisipun putra lan mantu, sedaya sampun karengkuh putra piyambak.
==(tanceban)==
Tanceban, punika winastan ugi Tandur utawi Wisudan, saking Calon Temanten winisuda dados Temanten.
==(kacar-kucur)==
Kacar-kucur, punika minangka gegambaran bilih ingkang kakung anggadhahi kuwajiban: masrahaken asil guna kaya utawi nafkahipun dhumateng ingkang garwa, lan ingkang garwa kedah saged nyekapaken ing reh sedaya kabetahaning bale wisma, tuwin adamel renaning tiyang sepuhipun.
==(dulangan)==
Dulangan, punika mujudaken setunggaling kekudangan supados temanten kakung putri tetepa setunggal raos ing lair lan batos, jumbuh ing reh sedaya gegayuhanipun.
==(ngunjuk tirta wening)==
Ngunjuk Tirta Wening, punika mujudaken setunggaling kekudangan supados temanten kekalih enggala pinaringan momongan, lan dadosa pepenget menawi ing pasrawungan tansaha kanthi manah ingkang wening tumuju ing kautaman.
==(gendhing STOP)==
Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu dhahat sinuba sagunging pakurmatan, kanthi berkah jurung pendonga pangestu panjenengan temanten kekalih sampun purna netepi upacara Panggih lan Krobongan kanthi wilujeng kalis ing sambekala, ingkang menika dhumateng panjenengan kaaturaken agunging panuwun.
Salajengipun sumangga kula dherekaken ngancik adicara ingkang salajengipun inggih punika SUNGKEMAN

========(gendhing Ketawang Rujit PLAY lajeng njantur)
Ing mangke risang penganten sarimbit, dupi uninga para pepundhen catur cacahipun, gya jengkar saking palenggahan, daya-daya hangaturaken sungkem mring rama ibu, kairing puja-puji rahayu.
===(penganten sungkem)==
Risang penganten jengkar saking palenggahan, tumuli anjengku tumungkul amarikelu yayah konjem ing pratiwi. Tangkeping asta sumembah ing jengku rama-ibu, sinartan eninging cipta rumasuk telenging kalbu, nyuwun pangestu cumadhong rumentahing sih pudyastuti.
Penganten enget bilih ingkang rama punika kang wus sembada ngukir jiwa raga miwah dadya lantaraning tumuwuh. Enget bilih ingkang ibu wus kawawa dadya lantaraning yogabrata salebeting sangang wulan sedasa ari. Enget yen wus digegadhang kanthi kebak ing raos asih, bisaa mikul dhuwur mendhem jero asmaning asepuh.

Sanadyan lir sinendhal mayang panggalihipun rama-ibu dupi hanampi sungkemipun ingkang putra, jroning galih tansah mawantu-wantu paringipun puji pendonga, mugi risang penganten sarimbit tansah panggih cepaka mulya sawakul-wakul gedhene. Liripun sageda lestari pinesthining jodho, atut runtut bagya mulya, cinaket ing nugraha, tebih ing gora godha lan rencana, tansah sembada kang sinedya, tansah linuberan sihing Kang Maha Kuwasa.
===(gendhing STOP)==

Para rawuh para pilenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Awit saking berkah pangestu panjenengan sedaya, upacara adat widhi widana Panggih, Krobongan lan Sungkeman sampun paripurna. Ingkang menika ateges upacara pawiwahan sampun purna, ingkang suwaunipun taksih winastan Putra Calon Temanten menggah satataning adat, sakmenika sampun sampurna dados Putra Temanten, dhumateng panjenengan sedaya kaaturaken agunging panuwun.

Panatacara atur wekdal Waosan Pustaka Suci Al Qur'an

Adicara salajengipun inggih menika Kumandhanging Waosan Ayat Pustaka Suci Al Qur'an. Dhumateng panjenenganipun ingkang sampun piniji, nuwun inggih ................................................kula sumanggaaken. Sumangga, Nuwun.

===========(Waosan Pustaka Suci Al Qur'an)

Mekaten waosan ayat suci Al Qur'an ingkang sampun kawaos panjenenganipun ................................, mugi-mugi saged anambahi raos iman kula panjenengan sedaya dhumateng Allah SWT. Allahumma amin. Dhumateng panjenenganipun .................................................... kula aturaken agunging panuwun.

Panatacara atur wekdal Pambagyaharja

Adicara salajengipun inggih menika Atur Pambagyaharja saking panjenenganipun ingkang hamengku gati nuwun inggih panjenenganipun Bp/Ibu ......................(pemangkugati)....................... ingkang badhe dipun sulih salirani dening panjenenganipun Bp....................................... Dhumateng panjenenganipun Bp ......................................... kula sumanggaaken. Sumangga, Nuwun.

===========(Atur Pambagyaharja)==============


Kanthi terang terwaca cetha kaduk ruruh hangarah prana anggenipun Bp/Ibu ...................(pemangkugati)................. ngaturaken wedharing gantha wigatosing perlu, ingkang sampun tinalang basa dening panjenenganipun Bp .................................. Dhumateng panjenenganipun kula aturaken agunging matur nuwun.

Panatacara atur wekdal Pasrah Temanten Kakung

Panjenenganipun para tamu, para rawuh kakung sumawana putri ingkang dhahat kinurmatan, minangka adicara ingkang salajengipun inggih menika Atur Pasrah putra temanten kakung. Dhumateng panjenenganipun ingkang sampun piniji minangka duta saraya pasrah, wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

===============(Pasrah Temanten Kakung)===============

Satuhu tatas titis, wijang gamblang atur pangandika panjenenganipun ingkang sampun hamasrahaken putra temanten kakung. Dhumateng panjenenganipun kula aturaken agunging matur nuwun.

Panatacara atur wekdal Panampi Temanten

Salajengipun Atur Panampi ingkang badhe kasalirani panjenenganipun Bp ...........................................
Dhumateng panjenenganipun kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

========(Tampi Temanten)=======

Terang terwaca cetha Atur Panampi ingkang sampun kasalirani panjenenganipun Bp ................................... Dhumateng panjenenganipun kula aturaken agunging panuwun.

"Kirab" lan Sumene

Para rawuh para pilenggah ingkang kinurmatan. Adicara salajengipun nuwun inggih Sumene. Para kadang kaneman badhe sowan wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu atur pasugatan sawetawis. Ananging saderengipun wekdal kula aturaken dhumateng para kadang kaneman ingkang minangka Juru Ladi, putra pinanganten sarimbit langkung rumiyin badhe kajengkaraken saking sasana rinengga tumuju panti busana, lan mangke tumuli badhe sowan malih lenggah wonten ing sasana rinengga. Ingkang menika keparenga panjenenganipun Ibu Juru Sumbaga mratitisaken temanten kekalih anggenipun jengkar tumuju panti busana. Sumangga, nuwun.

( Gendhing Langen Gita Sri Narendra PLAY lajeng njantur/nyandra)

Para rawuh para pilenggah ingkang tansah winantu ing kayuwanan kakung miwah putri, awit saking sumuking swasana, tinambah panasing penggalihe, kaselak notol pikire, awit sampun katekan sedyane, penganten lenggah jajar kalawan janma ingkang kinarepake, wusana gumrobyos riwene, sumuk, nelesi busana temanten sakarone.

Jalma limpat seprapat tamat, para-para kang hanawung kridha wus mulat, titiwanci penganten jengkar saking pasewakan wus ndhungkap, penganten sarimbit kang kalawau wus manunggal ing tekad, manunggal ing niat anggebyur alaming bebrayan, jengkar saking palenggahan tumuju ing panti busana.

===Sinten ta ingkang ing ari punika dadya mustikaning pahargyan, anggung ginunggung sinuba sinukarta, tan sanes hanenggih Bagus _________________ kaliyan Rara _________________ ingkang nembe anambut silaning akrami, hanggebyur samodraning bebrayan agung.

Ing ngajeng ana rerupan pindha golek kencana, kembar busanane, sami dedeg piadege, tindake sakepenake, nanging dadi lan pantese. Punika risang patah temanten, Nimas ____________ lan Nimas _____________, sanadyan lampahe sakepenake, parandene datan saru dinulu, malah dadi reseping pandulu. Iku ngemu pralampita, bocah alit ingkang dereng andarbeni dosa, suci sarta resik penggalihe, satemah bisa tentrem ayem jinak jinem.

Gebyar gumebyaaar busananing temanten kasorot sunaring surya/pandam kaya ndaru lelana, gumebyar cahyane, cumalorot kadya teja angenguwung, amimbuhi pekiking warna temanten kakung.
Penganten putri pranyata tan kuciwa memanise, ayu respati karengga busana edi, meloking wadana sumunu agilar-gilar pindha kencana binabar, kebayak landhung kembar padha pengageme ingkang kakung, iku minangka pralampita kalamun sri temanten sakarone wus kembar padha tresnane, raket keket kekanthen asta, renggang gula kumepyur pulut pepindhane, bebasan datan mundur salwiring geguntur, datan lilih salwiring pangarih-arih.

===Samana, lampahe sri temanten wus manjing wiwaraning sasana busana, lulus widada nir ing sambekala, pramila sigeg, semanten rumiyin ingkang anyandra, awit sampun mboten kawistingal saking papan manatacara.

==(Gendhing STOP)

Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu pantes hanampi sagunging pakurmatan, adicara salajengipun nuwun inggih Sumene, katur dhumateng para kadang kaneman ingkang minangka Juru Ladi wekdal kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.
=============(pasugatan kaladosaken)==========

Sumangga keparenga angrahabi pasugatan sepala menika kanthi mardu mardikaning penggalih.
Ingkang dereng pikantuk keparenga nyebar godhong kawis, sabar sawetawis, sinambi midhangetaken irama panglipur ingkang kaaturaken kadang panata pitaswara inggih Mas __________ saking ________ SoundSystem. Sumangga, nuwun.
=======================

Njantur Temanten Manjing Pahargyan Wangsul "KIRAB"

Sagung para rawuh para pilenggah ingkang winantu ing suka rahayu, kakung miwah putri. Sampun wonten pratandha saking panjenenganipun Ibu Juru Sumbaga bilih putra temanten sarimbit sampun badhe sowan marak malih wonten ngarsa panjenengan sedaya, pramila nyuwun pangapunten adicara sumene kula punggel semanten kangge nglajengaken adicara ingkang salajengipun.

(Gendhing Subakastawa PLAY lajeng njantur/nyandra)

Rawat-rawat rinumpaka, wauta, nadyan seje kandhane nanging maksih nunggal caritane, ingkang adoh ginawe perak, ingkang perak ginawe adoh, lah apa ta sebabe winastan mangkono ?
Nuju ari pinilih dinten piniji ana titahing Gusti ingkang sinung Bp _________________ wus kuwagang netepi darmaning asepuh, amiwaha putra mahargya siwi.

Kawistingal, risang temanten kang wus purna hangadi busana  katingal wangsul sowan malih ing ngarsaning para tamu. 
Hanenggih punika wujuding pepacangan ingkang kasurung raos kencang anyancang janji wekasan, ingkang kaesthi dadi, ingkang jinangka teka.
Lumampah atut runtut arebut patut, gliyak-gliyak sajak kepenak mboten ngoyak, tataaaa tumata kanthi trapsila kebak ing pralampita. Iku asung gegambaran yen kekarone mugi-mugi, denira arsa lelumban ing madyaning bebrayan agung tansah nengenaken pangati-ati, pepayung budi rahayu linambaran rasa tepa-tresna-sembada lan kumawula.
Lire tepa, sirik ing kadurakan, tresna – mamrih marang karukunan, dene sembada – dhadhag wani ndhadha kaluputan, lan kumawula ateges mangertos marang kuwajibane.

Patah sakembaran kang pindha abdi kinasih temanten putri, iku asung gegambaran marang temanten kekarone, kalamun patah sakembaran maksih prasaja samubarange, prasaja ciptane, prasaja rasane, prasaja karyane, hanenggih Nimas ____________ miwah Nimas _______________. Pranyata sanadyan durung tedhas nggeget kinang nora tedhas nggigit jambe, parandene datan saru dinulu malah dadi reseping pandulu.

Sinigeg kang winuwus, wauta, gumantya ingkang cinandra.
Temanten kakung pekik ing warna, nora sangsaya surem nanging malah sangsaya dados lan kabregasanipun, dhasar tetesing kusuma rembesing madu, dharahing atapa wijiling wong andanawarih, susila anoraga, tansah nengenaken dhateng kasubratan, mila datan elok lan mokal kalamun ingkang ginayuh tansah kasembadan.
Temanten putri sulistya ing warna, kawistingal hambabar teja mandamaya, sesolahe milangoni lelewane hanuju prana, dhasar busana edi ingkang karengga, dhasar Ibu _________ ingkang dados Juru Sumbaga, kalamun cinandra bebasan, turah warna kurang candra kurang ukara.
Astane penganten putri bakuh kukuh gegondhelan astane ingkang kakung, pepuletan kekanthen asta paribasan renggang gula kumepyur pulut, sasat ora kena ginggang pinara sasra. Lamun cinandra kadya widadara widadari saking swargaloka tumurun ing ngarcapada, njujug aneng Desa __________ dalemipun Bp ________.

Para mudha myang taruna, jejaka sarta kenya warara, kang pirsa thukul osiking driya, dhuh kapan ya, bisa dadi manten kaya ngana ? Para sepuh kang wus sepi hawa, jroning nala anglocita, mbesuk kapan ya bisa mantu amahargya putra kaya ing dinten punika. Nanging keladuking kandha kang ngaya wara, uga ana priya tuwa kang anggadhuh angkara murka, mbesuk kapan ya bisa nggandheng kenya sesisih lima.

Para tamu kakung miwah putri sami suka jroning ati, tumut mangayubagya lan paring puja-puji pangastuti, mugi risang temanten kekalih tansah manggih basuki, raharja tulus widada, tan ana sakara-kara, atut runtut pindha mimi kang nembe hamintuna, pindha Dewi Ratih lan Bethara Kamajaya, tansah sakiyeg saeka praya, sayuk rukun anggayuh geyonganing kayun, padha kersane padha karepe, kaya suruh lumah lawan kurebe, sinawang seje rupane yen ginigit padha rasane.

===Penganten wus lenggah ing sasana rinengga, pramila semanten ature ingkang anyandra, lamun lepat nyuwun agunging pangaksama, kanthi pepuji rahayu widada dhumateng ingkang nembe nambut silaning krama.

( Gendhing STOP )

Atur Panatacara Badhe Mau'idzah Hasanah

Para rawuh saha para tamu ingkang tuhu kinurmatan. Putra temanten kekalih sampun lenggah malih wonten sasana rinengga, sumangga kula dherekaken tumapak adicara ingkang salajengipun.
Ndungkap adicara salajengipun inggih menika Mau'idzah-hasanah minangka sanguning para putra temanten anggenipun badhe ambyur lelumban ing madyaning bebrayan agung. Dene ing kalodhangan menika Mau'idzah Khasanah badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bp/Simbah Kyai .................................................... Dhumateng panjenenganipun kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

ATUR PANUTUP PANATACARA ING PAHARGYAN

Sagung para rawuh para pilenggah, ingkang tuhu luhur ing budi. Mekaten wau mau'idzah-hasanah ingkang sampun kawedharaken panjenenganipun Bp/Simbah Kyai ................................. Mugi-mugi saged dados sanguning putra temanten kekalih anggenipun sami badhe lelayaran ing samodraning bebrayan agung lan nyumrambahana dhumateng kula panjenengan sedaya. Allahumma amin.
Dhumateng panjenenganipun Bp/Simbah Kyai ........................... kula aturaken agunging panuwun.

Adicara salajengipun inggih menika Donga Panutup. Minangka imam donga badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bp/Simbah Kyai .................................. .

Ananging sakderengipun wekdal kula aturaken dhumateng panjenenganipun, keparenga kula ngambali atur, bilih tandha purnaning adicara pahargyan menika menawi putra temanten sampun kabedhol saking palenggahanipun ing sasana rinengga lajeng kakanthi tiyang sepuhipun jumeneng wonten sangajenging tarub (=>kori pahargyan) saperlu jawat asta nguntapaken kondur para tamu. Pramila saking menika kula suwun kanthi sanget - pirenaning penggalih panjenengan sedaya, saksampunipun donga paripurna, keparenga nyrantos sawetawis kabedholipun putra temanten saking sasana rinengga - ngantos temanten sarimbit jumeneng wonten sangajenging tarub (=>kori pahargyan) - kakanthi tiyang sepuhipun, lajeng nembe panjenengan sedaya sumusul jengkar saking palenggahan, setunggal-mbaka-setunggal, jawat asta kaliyan putra temanten lan tiyang sepuhipun, minangka tandha bilih kula panjenengan menika rawuh mboten namung paring paseksen, nanging ugi paring idi donga pangestu. Mekaten, lan sakderengipun kula aturaken agunging matur nuwun.

Salajengipun, wangsul dhumateng kula sakadang ingkang tinanggenah ndherekaken lampahing adicara ing wekdal menika, nuwun inggih :
  • Kula pun ............................................ minangka Panatacara,
  • Ibu ................................................. minangka Juru Sumbaga
  • Mas .......................................... minangka Juru Panata Pitaswara saking .............................. Sound System
  • Dalah ....................................... minangka Juru Foto saking ........................................
  • Menapadene para kadang kaneman ingkang dados juru ladi
  • Saha sanggyaning brayat ageng Bp .......................................... Ibu ................................................ (pemangku gati)
mbok bilih wonten kekirangan, kalepatan saha keladukipun saking arah menapa kemawon ingkang adamel kirang renaning penggalih panjenengan sedaya, keparenga diagung ing pangaksami.

Mboten kesupen, saparipurnaning Donga ing mangke kula aturaken "Ndherekaken Sugeng Kondur, mugi tansah manggih wilujeng dumugi ing dalem."

Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.
====
Katur panjenenganipun Bp/Simbah Kyai ................................................ kula sumanggaaken. Nuwun.

========(Donga)=========

====(Gendhing Ladrang Gleyong -- Bedholan)====